WONG JOWO ORA LALI JAWANE | BAHASA JAWA

Asalamualaikum Wr.Wb.

Piye kabare anak-anakku kelas pitu lan Kelas wolu sehat kabeh to Alhamdulillah, anakku kabeh mugia pikantuk karaharjan, senajan kahanan sing durung kapesten iki mugi Gusti Allah maringi kesehatan, panjang yuswa enggala isa kepanggihan maneh karo bapak/ibu guru.

Senajan ora bisa ketemu ananging tak suwun kabeh pada sabar sak untara bisaa wabah corona enggala lunga saka bumi nusantara ugi sak jagad donya. Aamiin ya rabbal alamiin.

Mula anak anakku kabeh kanthi tak weling aja dolan sembarang panggonan, uga jaga karesikan awake dewe-dewe, mula iku ayo digalake sinau ana omahe dewe-dewe, kanthi panduan saka bapak/ibu guru. andum pandongaku kabeh bapak/ibu guru SAMARO lan anak didikku kabeh kanthi sehat lan panjang umur. ibu guru ya wis kangen sira kabeh. sabar sak untara ya nduk/ le mugi Gusti Allah engal maringi padang lan terange bumi Nusantara saka wabah corona. 


"Tetep Sregep Sinau Jaga Karesikan Undhakna Sembahyangmu lan aja waleh Nyeyuwun marang Gusti ingkang murbeng jagad"

Anakku kabeh kelas pitu lan wolu  sak durunge garap soal PAT ayo Padha dedonga muga-muga anggone garap soal diparingi kelancaran.

Cukup semene saka ibu matur suwun. Salam kanggo bapak/ibu sing ana ngomah.
Walaikum Salam Wr.Wb.

Dudul Gambar Ngisor iki !!!!


https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgZjtfmSWavkLnLXfMlPsfoPoQEa7o_RJ8ItSSeYjwC-WlEMEzI22g0qT1l0cAXlOcdl3g2f4SkGQL5mR9cqFaU1tD7M6LQYrT5AkvIW6_J2NG4mZungW_ofCQQqgQUoD34GMDU4OyCmywy/s1600/mtk.png
 

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgZjtfmSWavkLnLXfMlPsfoPoQEa7o_RJ8ItSSeYjwC-WlEMEzI22g0qT1l0cAXlOcdl3g2f4SkGQL5mR9cqFaU1tD7M6LQYrT5AkvIW6_J2NG4mZungW_ofCQQqgQUoD34GMDU4OyCmywy/s1600/mtk.png



0 komentar: